Wednesday, 15 May 2013

Kebudayaan Nganjuk "upacara siraman sedudo"



Kebudayaanipun kabupaten nganjuk katah , salah setunggalipun meniko upacara siraman sedudo.
            Dusun ngilman kangginipun masyarakat nganjuk mboten aneh maleh. Jalaranipun ing dusun mpriki tasik wonten papan panggenang kang wingit lan kangge upacara ingkang sifatipun khusus lan sacral saring di puntindakaken, langkung-langkung upacara tradisional suran kangginipun adat jawi ingkang kito miring lan sumeripi. Dusun ngilman niku klebet kecamatan sawahan ingkang arahe ngidul ngilen saking kutho nganjuk, kirang langkung 30 km (tigang doso km). pangenane dusun ngliman ingkang kandhang “air terjun” niku wonten ing ereng-ereng ipun redi wilis.
Wonten air terjun ing dusun ngliman ingkang kondhang kasebut  air terjun sedudo . niki asal-usulnipun crita misteri. Lajeng owah dades pakulinan di puntindaaken ingkang mangsa suran lan salajengnipun owah di puntindakaken kanthi  di pun tata rapi lan tertib di pundawel dados upacara siraman sedudo . di pun wara-wara  tiyang katah wenawi tembung sedudo niku sangkeng  tembung “SE” lan “dhudho” ingkang tegese SE = siji lan DHUDHO = tiyang jaler ingkang mboten gadhah bojo utawi tiyang jaler ingkang sampun simah nanging pisah kaleh bojone mergi pegatan utawi pejah. Minurut kapitadosanipun  tiyang ing dusun mriku ingkang dudo niku wau salah setunggal nipun tiyang ingkang miwiti panggenan wanten dusun ngliman utawi cikal bakal. Ingkang saben dintenipun piyambaknipun menawi siram wonten ing air terjun. Sakeng pakulinanenipun siram ingkang panggenan niku wau lan tiyange mboten ngadah simah (dudo) lajeng air terjun niku wau  diparingi asma “air terjun sedudo” ngantos sak niki.
Kacaritro ugi yen air terjun sedudo niku di anggep suci lan ngadah daya magis ingkang inggil sanget. Mila sangkeng niku toyone kengeng di gunakkake “PRANA PRATISTA” ngih meniko upacara ingkang manggen wonten redi candragen lancer ngantos, toyane ingkang di pungunaaken ngedusi reca niku wau, diyudi di pun wadasi seperlu kangge nyiprati para sanak sederek kanthi pangajab supados angsal berkah lan kaleilujengan, kewarasan sarta awetenom tiyang-tiyang sami percados menawi toyo ingkang mili mboten wonten kendhatipun niku asalipun saking sumber ingkang wingit ngih meniko panggenan semedipun para dewa . dipun awiti saking keparcadosan masyarakat dusun ngliman ingkang sampun turun menurun, mila tradisi siram wonten sedodu ingkang katah dipun ndugeni pandhemen saben wulan sura. Niku dening pemerintah daerah kabupaten nganjuk dipunkemas dados paket wisata.  


link smaker 
 http://sman1kertosono.sch.id/

No comments:

Post a Comment

Hubungan Struktur Sosial dengan Mobilitas Sosial (MAKALAH SOSIOLOGI) KELAS 11

Hubungan Struktur Sosial dengan Mobilitas Sosial Dalam lapisan sosial kita mengenal adanya dua sifat lapisan masyarakat, yaitu lapisan...